My Task


Cerkak basa jawa
Kelangan
Enjang kala subuh, harun uga keluarganipun sampun badhe budhal datheng surabaya. Tujuan piyambake sedaya datheng surabaya yaiku kepanggih sedherek harun, minah ingkang saweg sakit. Harun uga keluarganipun yaiku bapak ibunipun minggah sepur. Piyambake sedaya budhal gebag 7 dalu. saking jogja datheng surabaya mbetahaken wanci telu jam. kala dipunradinaken harun rumaos kersa toyan, lajeng piyambakipun kesah datheng kolah. kala ing kolah harun manggih arta sadasa ewu. Harun mendhet arta kesebat uga disimpan. saksampune punika piyambakipun wangsul datheng palenggahanipun.
ningali bapak ibunipun ketileman, harun ugi ndherek tilem. lajeng saksampune telu jam ketileman harun pun wungu. 
"kok mboten enten telfon saking bapak ibunipun minah nggih?" taken ibu harun.
"coba kowe bbm, run" kengken bapak harun ing harun.
"inggih, pak" wangsul harun.
"loh kok hp kula mboten enten?" tembung harun.
"lah mau ana ning endi?" taken ibu harun.
"ing saku kathok. nanging kok mboten enten nggih?" wangsulan harun.
"bokmenawa tiba ing dalan?" tembung bapak harun.
"ning mau isih kula anggo sadurung menyang kolah, pak" wangsulan harun.
saleresipun, wau kula manggih arta sadasa ewu. Lajeng kula pendhet” tembung harun
"ngapa kowe jupuk?" tembung ibu harun 
"iya ta, dudu nduwemu” tembung bapak harun
"lah, mboten enten ingkang gadhah dados kula pendhet mawon” wangsulan harun
“ning saiki hpmu ilang ta?” tembung ibu harun
"yen sing nduwe dhuwit mahluk lembut piye?” tembung bapak
"wah bapak, ampun bikin kula ajrih” wangsulan harun
“sakmenika kita sedaya mandhap mawon, sepur sampun ngantos” tembung bapak harun 
“lajeng hp kula kados pundi?” tembung harun 
“yo uwis piye meneh? Hp blackberry dituker dhuwit sepuluh ewu!” tembung ibu harun.
mula saka kuwi, aja jupuk barang sing dudu ndhekmu" tembung ibu harun
“inggih bu, kula boten arep mbalene meneh” wangsulan harun.
akhiripun piyambake sedaya medal saking kereta lajeng kepanggih kaliyan tiyang sepuh minah. lajeng piyambake sedaya sedaya sareng menuju griyaminah ingkang mboten tebih saking stasiun kereta ngginakaken mobil. kaliyan pangraos sekedhik kuciwa harun pun tetap ngesem dipunmajengan tiyang sepuh minah. Apalagi saksampune kepanggih minah, harun rumaos rena amargi sedherekipun punika sampun awiti mantun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar